Wednesday, October 13, 2010

Ha Na Ca Ra Ka

Ha : Aja ngandhakake apa bae kang ora k0kngereteni!

Na : Nandur kabecikan,panen kabecikan.


Ca : Cipta,rasa,karsa,daya,lan karya kudu saeka.


Ra : Ruwed rentenging donya iki jalaran urip ora padha nindakake kawajibaning urip.


Ka : Kang wani kang wenang.


Da : Duwe sedya becik ora enggal koktindakake iku padha karo ndhedher wiji laraning ati.


Ta : Tansah was-was tandha ora saras.


Sa : Senenging ati ndawakake umur.


Wa : Wong lara ngare-arep waras. Wong waras, apa pangarepmu?


La : Lembah manah gawe kuncaraning pribadi.


Pa : Pinuju bungah elinga susah,pinuju susah elinga bungah!


Dha : Dhasaring ngaurip iku gotong royong.


Ja : Jeneng tresna kudu wani nglabuhi lara sangsara.


Ya : Yen wis janji, kokleksanani.


Nya : Nyampurnakake urip klawan sucinining ati.


Ma : Momor,momot,momong. Mesthi mikolehi.


Ga : Gemi iku becik. Mung gemining wong cethil kang ora becik.


Ba : Becik nacada cacadmu dhewe!


Tha : Thothok-thothoka lawang yen njaluk diwegani!


Nga : Ngunggulake dhiri bakal diasorake, sapa andhap asor bakal diunggulake.

No comments:

Post a Comment